Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pranoto Adicoro Kuliah Subuh Singkat

 

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh


Asyhadualla Ilaha Illallah Wa Asyhadu Anna Muhammadar Rasulullah



Dhumateng ngarsanipun Bopo Kyai ……… ingkang kulo hormati soho dereki.

Dhumateng ngarsanipun Bapak H Parjono ingkang kulo hormati soho dereki

Dhumateng Bapak Ibu jamaah sholat subuh ingkang dirahmati Allah



Pujo – puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan kanikmatan hidayah soho inayah sahinggo kito saged makempal ing

majlis puniko kanthi mboten wonten alangan satunggal punopo. Alhamdulillah

Mboten kesupen sholawat soho salam mugio katur unjuk dhumateng bendoro kito nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita tenggo syafa’at-ipun wonten ing donyo dumugi akhirat aamiin allahuma aamiin



Bapak ibu jamaah pengaosan subuh, sarehning wekdal sampun ndungkap titi wanci monggo adicoro pengaosan enjang puniko tumuli kawiwitan. Sumonggo kito bikak kanthi waosan basmallah kawulo dherekaken. Bismillahirrohmanirrohim.

Maturnuwun, mugiyo kanthi waosan basmallah adicoro pengaosan enjang puniko saged kaleksanan kanthi lancar lan barokah. Aamiin

Adicoro saklajengipun inggih puniko atur tausyiyah ingkang badhe kaaturaken saking panjenenganipun bopo kyai…………….

Dhumateng Bopo Kyai………..wekdal soho pirantosing pangandikan kaaturaken sakcekapipun sumonggo.

Saking kulo, kulo pungkasi wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Posting Komentar untuk "Pranoto Adicoro Kuliah Subuh Singkat"